Prabu Bogadenta iku ing Mahabharata
sinebut uga Bogadatta. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa,
weton Balai Pustaka, 1991, Bogadenta iku kawujudan saka embing-embing utawa
ari-arine Kurawa.Ing lakon Timbangan utawa Trajon dicritakake Bogadenta kontal
amarga daya kasektene Bima. Nalika iku Bogadenta nganti tiba ing tlatah Krajan
Turilaya lan wusana kasil nguwasani krajan iku lan jumeneng nata.
Dene pungkasan uripe Bogadenta
ana ing palagan perang Baratayuda. Nalika iku Bogadenta sing mehak Kurawa gugur
ketaman panah Pasopatine Arjuna. Matine Bogadenta kedadeyan ing babak kapindho
perang Baratayuda utawa babak Tawur.
Amarga dumadi saka ari-arine
Kurawa, Bogadenta kondhang minangka anake Drestarastra kang ora liya bapakne
para Kurawa. Ing Mahabharata Bogadenta iku anake Drestarastra lan Dewi Gendari.
Sawise jumeneng nata ing krajan Turilaya, Bogadenta tetap ngrumangsani minangka
perangane kulawarga Kurawa. Nalika pecah perang Baratayuda, Bogadenta nemoni
Prabu Duryudana, minangka kakange. Tumekane Bogadenta ing Astina mbeneri gugure
Bisma, saengga Bogadenta banjur sinengkakake minangka senapati perang wadyabala
Kurawa, diampingi adhine, Kertipeya.
Nalika Kurawa ngangkat Bogadenta
minangka senapati ing perang Baratayuda, Pandhawa netepake Arjuna minangka
senapati. Arjuna kudu ngadhepi panempuhe Bogadenta sakwadyabalane. Arjuna dhewe
minangka senapati wadyabala Pandhawa diampingi dening Arya Sena. Ing paprangan
Baratayuda iku Bogadenta numpak gajah Murdaningkung diampingi srati Dewi
Murdaningsih. Bogadenta sing numpak gajah mbarang ngamuk ing satengahing
wadyabala Pandhawa. Akeh prajurit Pandhawa nemahi pati amarga pangamuke
Bogadenta.
Meruhi kahanan mangkono iku, Arya
Werkudara muntab lan banjur maju ing pabaratan. Tangane Werkudara sing nggegem
gada Rujakpolo mobat-mabit ngiwa nengen lan maju mundur. Wusana atusan prajurit
Kurawa nemahi pati, ajur ketiban gadane Werkudara. Malah gajah Murdaningkung
lan sratine Dewi Murdaningsih uga mati ketiban gada Rujakpolo.Nalika gajah
Murdaningkung mati amarga ketiban gada Rujakpolo, Bogadenta kontal lan tiba
kebanting ing lemah. Saknalika Bogadenta sing tiba kelaran iku banjur menyat
sedya males marang Werkudara sing mateni gajah lan sratine.
Ananging nembe wae Bogadenta
menyat arep ngadeg, dumadakan gulune ketaman panah Pasopati saka gendhewane
Arjuna. Wusana Boganeta tiba ngrungkebi bumi Kurusetra, gulune pedhot katembus
panah Pasopati.
No comments:
Post a Comment